MATERI BAHSA JAWA "PAWARTOS"
Pawartos inggih menika
palaporan nengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi kadadosan
kasebat. Unsur fakta ingkang wonten ing palaporan inggih menika 5W+1H, inggih
menika Who(sinten), What(menapa), When (kapan), Where(wonten
pundi), Why (kenging menapa), lan How (kadospundi).
Tegesipun inggih menika sinten ingkang tumindak, menapa ingkang
dipuntindakaken, wonten pundi papanipun, kenging menapa saged tumindak, kados
menika, saha kadospundi caranipun.
Wonten pinten-pinten jinis pawartos inggih menika Pawartos Langsung(straight
news), Pawartos Mendalam(depth news), Pawartos Opini(opini news) saha Pawartos
photo. Struktur panyeratan pawartos menika awujud irah-irahan (head), baris
tengah (dateline), teras pawartos (lead) saha wos pawartos (body). Prinsip
panyeratanipun menika nengenaken fakta ingkang wigati piyambak, antawisipun
fakta saha opini boten dipuncampur saha seimbang. Wosing pawartos menika
minangka faktaning saking kadadosan ingkang saged dipunsade wosipun, inggih
menika aktual, faktual, wigati, saha narik kawigaten.
Pawartos minangka kadadosan ingkang dipunwartakaken. Pawartos menika saged
arupi lesan utawi tulisan. Lesann ateges pawartos menika saged dipunwartakaken
dening tiyang sanes kangge pamiyarsa lumantar swara. Lesan adatipun
dipungiyaraken lumantar radio, TV utawi dipun waos lugas. Seratan pawartos
menika limrahipun kapacak wonten ing kalawarti. Perangan ingkang nemtokaken
bobot biji pawarta inggih menika :
1. Aktualitas
2. Sesambetan
kaliyan papan kedadosan
3. Sesambetan
kaliyan unsur-unsur ingkang katut ing saklebetipun kedadosan
4. Sesambetan
kaliyan pedamelan pamaos/pamiyarsa
Tansaya kathah ginanipun
pawartos menika tumrap tiyang sanes, sansaya mundhak inggil biji pawartos
menika. Para pamiyarsa ingkang kulina mirengaken pawartos Jawa mesthinipun
saged nambah pamanggih saha seserepan tumrap basa, budaya saha sastra jawa.
Ingkang perlu dipungatosaken nalika
mirengaken pawartos utawi informasi inggih menika :
1. Mangertosi
kanthi vetha perkawis ingkang dipunaturaken
2. Mbedakaken
informasi ingkang wigati saha ingkang boten wigati
3. Nyathet
informasi ingkang leres saha permati
Sakbibaripunpara pamiarsa
mirengaken pawartos dipunajab para pamiarsa saged ndamel dudutan saking
pawartos ingkang dipunsemak, dudutanipun inggih menika rumusan cekak saking
kalih utawi langkung perkawis ingkang dipunrembag. Mendhet dudutanipun pawartos
tegesipun naggepi wos ingkang wonten ing pawartos. Nalika maringi panyaruh
saged ngaturaken pamanggih sarujuk utawi boten sarujuk dhumateng pawartos
ingkang nembe dipunmirengaken.
Perkawis ingkang kedah
dipungatosaken nalika maringi panyaruhipun inggih menika :
1. Panyuruhipun
menika sak mesthinipun dipunaturaken kanthi cekak aos, pdhat saha dipunronce
kanthi sae.
2. Perkawis
utawi bab ingkang dipunparingi panyaruhipun kedah cetha
3. Tembung-tembung
saha ukara ingkang dipunginakaken kedah gampil dipunngertosi utawi dipunpahami
4. Panyaruhipun
menika kedah dipunparingi lelandesan ingkang logis, saged ugi dipuntambahi
fakta saha bukti-bukti ingkang relevan(nggadahi sesambetan).
Paring pawartos menika
kedah evaluastif saha obyektif. Evaluatif tegesipun paring pambiji, obyektif
tegesipun pawartos ingkang dipuntampi kanthi sakwontenipun.
Ingkang kedah
dipungatosaken nalika maos pawartos, inggih menika :
1. Pocapan
(Lafal)
Nggatosaken vokal, konsonan
2. Lagu
Ukara
Inggih punika gegayutan kaliyan andhap
inggiling swara/nada
3. Kawijangan
Pocapan
Inggih Punika gampang dipunmirengake saha
leres tumraping pangagem basa
4. Pandelenging
Netra
Sasaged-saged tajem mawas prabawa, kanthi
pandulu jejeg.
5. Solah
Bawa Maos
Kaudiya ingkang santun miwah leres
TULADHANIPUN PAWARTOS
Udan Angin, Puluhan Wit
Ambruk
Jawah dipunmaweni angin kencang ingkang
nempuh hampir sedaya kabupaten/ kitha ing DIY ngakibataken macem-macem bencana,
ing antawisipun yaiku wit ambruk ingkang kathah kedadosan ing kabupaten sleman,
dina kamis sonten (5/1/2017).
Kepala posko lapangan ing balai dhusun sumberadi, kecamatan mlati, Mayor Infantri Yacobus Totok Artono ngginemaken menawi dampak saking jawah angin kesebat yaiku 67 wit ambruk, 78 griya terdampak, 4 titik jaringan PLN risak, uga fasilitas umum wujud gedung PAUD uga MTS kembrukan wit.
"Griya ingkang risak yaiku 45 omah ing kecamatan mlati uga 22 unit ing kecamatan seyegan," ture Totok, jemuwah (6/1/2017).
Kedadosan kesebat kedadean ing sonten dinten menjelang dalu, mila upaya ingkang saget piyambakipun tumindakake yaiku kaliyan numindakake pendataan lapangan.
Salajengipun, saking rapat kewates kaliyan BPBD DIY kersaa MUSPIKA Kecamatan, diputusaken pengerahan relawan datheng lapangan dipunwontenaken ket jemuwah (6/1/2017) enjang ngantos sonten.
"Akhiripun, dinten niki (jemuwah) makempal 291 relawan saking kecamatan mlati. Tindakan ingkang dipuntumindakake skala prioritas enten ing griya warga ingkang terdampak lajeng uga akses radin ingkang ketutup wit," ngendikan Totok.
Ngantos jemuwah siyang, Totok nyabaraken menawi mboten enten laporan korban jiwa inggil kedadosan kesebat. Saleresipun, jawah angin ingkang ngakibataken wit ambruk kedadosan saben taun.
Pihake pun sampun numindakake upaya antisipasi kanthi sacara rutin numindakake sosialisasi datheng dhusun-dhusun mawi numindakake pemangkasan wit ingkang dipunanggep rawan.
"Kendalane nalika saking warga enten ingkang kewratan menawi wit dipangkas. Alasanne punika sumber pamanahan ekonomi piyambake sedaya, tuladhanipun wit mlinjo ingkang dipunginakaken konjuk pamanahan keluarga," bacute.
Sewentara punika, Manager Pusat Pengendali Operasi Penanggulangan Bencana (Pusdalops) BPBD DIY, Danang Samsurizal mertelakaken menawi dampak jawah angin ing DIY paling kathah wonten ing kabupaten sleman ingkang kedhawah ing 28 titik, kitha Yogyakarta ing 5 titik, Kabupaten Bantul Ing 1 titik, Kabupaten Gunungkidul ing 4 titik, lan Kabupaten Kulonprogo 2 titik.
"Konjuk wilayah kitha Yogyakarta, kabupaten bantul, kabupaten kulonprogo uga kabupaten gunungkidul lajeng dipuntangani saking BPBD sapanggen,"pajaripun.
Miturut data sementara ingkang katampi pihake, kecatet konjuk ing kitha Yogyakarta yakni ing Gondokusuman, Jetis, uga Tegalrejo masing-masing ngalami wit ambruk uga kabel pln ingkang pedot.
Salajengipun ing Kabupaten Bantul yakni ing piyungan Bantul, wit ambruk ngembruki kalih griya warga. Sewentara ing Kabupaten Gunungkidul persis e ing Playen ugi ngalami wit ambruk.
Ing dina punika jawah dipunmaweni angin kencang wangsul nempuh sakunjukan wilayah sleman, senin (9/1/2017) siyang. Sawilangan wit ambruk dipuntempuh angin. Setunggal dipunantawisipun kedadosan ing dusun bangunrejo tridadi sleman. Warga sekitar, kurniawan (32) ngendikakaken sekedhikipun enten gangsal wit sengon ukuran saweg ambruk.
"Enten gangsal wit, kalih ngengingi atap griya uga setunggal ngengingi kandang,"turene.
Kala niki sawilangan warga gotong-royong konjuk ngevakuasi pamitan kesebat.
ANALISIS :
A. 5W+1H
1. What
(Menapa)
Enten Wit Ambruk lan Omah Risak
2. When
(Kapan)
Dinten Kamis sonten tanggal 5 Januari
Warsa 2017
3. Where
(Wonten Pundi)
Ing DIY / Kita Yogyakarta
4. Who
(Sinten)
Warga Yogyakarta (khususipun warga
sleman)
5. Why
(Kenging Menapa)
Amargi wonten udan lan angin gede
6. How
(Kados Pundi)
Jawah dipunmaweni angin kencang
ingkang nempuh hampir sedaya kabupaten/ kitha ing DIY wit ambruk lan omah
risak, enten 291 relawan saking kecamatan mlati ingkang ajeng paring pambiyantu
dening warga ingkah kasusahan amargi kedadean iku. Tindakan ingkang dipuntumindakake
skala prioritas enten ing griya warga ingkang terdampak lajeng uga akses radin
ingkang ketutup wit. Ngantos dinten Jumat 6 Januari 2017, boten enten laporan
korban jiwa.
B. Informasi
Ingkang Wigantos
1. Ing
Yogyakarta, Dinten kamis tanggal 5/1/2017 wonten udan gede, lan ngakibatke
puluhan wit ambruk lan omah risak. Ngantos tanggal 6/1/2017 boten enten laporan
korban jiwa.
2. Enten
291 relawan saking kecamatan mlati ingkang ajeng paring pambiyantu dening warga
inhkang kasusahan amargi kedadean iku.Tindakan ingkang dipuntumindakake skala
prioritas enten ing griya warga ingkang terdampak lajeng uga akses radin
ingkang ketutup wit.
3. Kepala
posko lapangan ing balai dhusun sumberadi, kecamatan mlati, Mayor Infantri
Yacobus Totok Artono ngginemaken menawi dampak saking jawah angin kesebat yaiku
67 wit ambruk, 78 griya terdampak, 4 titik jaringan PLN risak, uga fasilitas
umum wujud gedung PAUD uga MTS kembrukan wit, lan 45 omah risak. Ing kecamatan
Seyegan enten 22 omah risak.
4. Miturut
data sementara ingkang katampi pihake, kecatet konjuk ing kitha Yogyakarta
yakni ing Gondokusuman, Jetis, uga Tegalrejo masing-masing ngalami wit ambruk
uga kabel pln ingkang pedot.
5. Salajengipun
ing Kabupaten Bantul yakni ing piyungan Bantul, wit ambruk ngembruki kalih
griya warga. Sewentara ing Kabupaten Gunungkidul persis e ing Playen ugi
ngalami wit ambruk.
C. INFORMASI
INGKANG LERES SAHA PREMATI
1. "Griya
ingkang risak yaiku 45 omah ing kecamatan mlati uga 22 unit ing kecamatan
seyegan," ture Totok, jemuwah (6/1/2017).
2. "Akhiripun,
dinten niki (jemuwah) makempal 291 relawan saking kecamatan mlati. Tindakan
ingkang dipuntumindakake skala prioritas enten ing griya warga ingkang
terdampak lajeng uga akses radin ingkang ketutup wit," ngendikan Totok.
3. "Kendalane
nalika saking warga enten ingkang kewratan menawi wit dipangkas. Alasanne
punika sumber pamanahan ekonomi piyambake sedaya, tuladhanipun wit mlinjo
ingkang dipunginakaken konjuk pamanahan keluarga," bacute.
4. "Konjuk
wilayah kitha Yogyakarta, kabupaten bantul, kabupaten kulonprogo uga kabupaten
gunungkidul lajeng dipuntangani saking BPBD sapanggen,"pajaripun.
5. "Enten
gangsal wit, kalih ngengingi atap griya uga setunggal ngengingi kandang,"turene.
SUMBER : LKS BAHASA JAWA KELAS XI SEMESTER 2
Komentar
Posting Komentar