MATERI BAHASA JAWA "UYON-UYON LAN GAMELAN"
·
Andharan Uyon-Uyon
Uyon- uyon saking tembung ‘manguyu-uyu’
inggih punika pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan penganten
utawa ing pagelaran ringgit purwa, inggih punika saderengipun Ki Dhalang miwiti
makarya ndhalang, dipunwastani ‘patalon’
·
KASUSASTRAN KANG TINEMU ING
GENDHING :
1. Cakepan yaiku syair,
tetembungan kang dienggo ing tembang.
2. Cengkok yaiku lak-luking
swara kanggo nglagokake tembang.
3. Gendhing yaiku lelagoning
gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan.
4. Gamelan yaiku piranti
karawitan kanggo ngiringi tembang, kayata; bonang, kendhang, gong kempul,
gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter,
lsp.
5. Laras yaiku rasa
thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6. Titi laras yaiku angka
minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur).
7. Pathet yaiku ukuran cendhek
lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8. Pedhotan yaiku pamedhoting
swara ing tengahing tembang ing saben larik.
9. Senggakan yaiku unen-unen
mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing/ pradangga
10. Swarawati yaiku waranggana,
pesindhen, penyanyi putri.
11. Wiraswara yaiku penyanyi
kakung.
12. Gerong yaiku tembang kang
dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para
wiraswara/ pradangga.
13. Sindhenan yaiku tetembangan
kang dilagokake dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan/
lelagoning gendhing.
14. Irama yaiku ukuran rindhik
rikating panabuhing gamelan.
15. Bawa yaiku tembang kanggo
mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
16. Buka yaiku tetabuhan utawa
swara kang kanggo bukani gendhing
KAWRUH GAMELAN
Gamelan
inggih menika seni musik tetabuhan tradhisional asli
saking Indonesia utamanipun saking pulo Jawa, Madura,
Bali saha Lombok. Tembung gamelan menika asalipun saking basa Jawa inggih
menika "gamel" kang gadhah makna "tabuh". Isi gamelan menika
saprangkat piranti musik ingkang diagem ngiringi tembang, utawi ditabuh tanpa
tembang minangka klenengan.
Andharan cekak bab ricikan gamelan miturut wujud, bahan, cara nabuh gamlen :
1. Wujud Tebokan
Ricikan gamelan ingkang wujud tebokan iku cara nabuh dithuthuk (bedhug, tambur) utawi dipunkebuk (kendhang).
1.
|
KENDHANG AGENG
|
Kendhang sing paling gedhe ukurane dibandhing kendhang liyane. Swarane paling cendhek dhewe.
|
2.
|
KENDHANG KETIPUNG
|
Kendhang kang paling cilik dhewe lan ngasilake swara paling duwur. Biasane ditabuh bareng karo kendhang ageng.
|
3.
|
KENDHANG CIBLON
|
Kendhang kang duweni ukuran sedheng, luwih cilik ukurane dibandhing kendhang ageng lan wayangan. Swarane luwih duwur katimbang kaendhang ageng.
|
4.
|
Kendhang Wayangan |
Kendhang sing ukurane sedheng, luwih cilik sithik lan swarane luwih dhuwur katimbang kendang ageng.
|
2. Wujud Wilahan
Gamelan ingkang wujudipun wilahan inggih punika Gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron, Peking. Caranipun nabuh dipunthuthuk.
1.
|
Gender
|
Gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan lan ngisore ana tabung/silinder saka pring lan wesi tipis kanggo ngatur gema swarane. Ditabuh ngagem bendha.
|
2.
|
Slenthem
|
Wujud balungan kang ngasilake swara alus katimbang balungan liyane. Ugi sinebat gender penembung/gender gantung.
|
3.
|
Gambang
|
Wujudipun gedhe tur dawa lan wilahanipun digawe saking kayu. Wilah kang luwih gedhe swarane luwih rendah.Ditabuh ngagem bendha
|
4.
|
Saron Demung
|
Jinis saron kang paling gedhe ukurane lan ngasilake swara paling cendhak. Wilah barung iku paling gedhe. Ditabuh ngagem gandhen.
|
5.
|
Saron Barung
|
Jinis saron tengah-tengah (antarane demung lan peking). Wilah barung luwih gedhe katimbang peking lan luwih cilik katimbang demung. Luwih dhuwur swarane saka saron demung lan ukurane luwih cilik
|
6.
|
Saron Peking
|
Jinis saron kang paling cilik. Wilah peking luwih cilik katimbang demung lan barung, nanging luwih kandel. Luwih dhuwur swarane katimbang saon barung, ukurane luwih cilik.
|
3. Wujud Wilahan Pencon
Gamelan ingkang wujudipun wilahan pencon inggih punika Slentho, Gong Kemodhong, Kecer. Cara nabuhipun dipunthuthuk.
1.
|
Slentho
|
Cara nabuhipun dithuthuk.
|
2.
|
Gong Kemodhong
|
Ditabuh ngagem gembel.
|
3.
|
Kecer
|
Perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane.
|
4. Wujud Pencon
Gamelan ingkang wujudipun pencon inggih punika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong. Cara nabuh dipunthuthuk, jagur.
1.
|
Bonang Panembung
|
Wujud bonang kan paling gedhe.
|
2.
|
Bonang Penerus
| |
3.
|
Bonang Barung
|
Wujud bonang sing luwih cilik saka bonag panembung lan penerus.
|
4.
|
Kethuk
|
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya kenong lan bonang. Rancakanipun luwih cendhek katimbang kenong.
|
5.
|
Kempyang
|
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya kenong lan bonang. Rancakanipun luwih cendhek katimbang kenong.
|
6.
|
Kenong
|
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya bonang, kethuk,lan kempyang.
|
7.
|
Kempul
|
Biasane digantung. Bentukane koyo gong nanging luwih cilik lan swarane luwih dhuwur.
|
8.
|
Gong Ageng
|
Gamelan kang ditabuh lan diametere paling gedhe. Duweni nada paling rendah. Ditabuh nganggo gembel.
|
9.
|
Gong Suwukan
|
Gamelan kang ditabuh lan ukurane gedhe sakwise gong ageng. Duweni nada luwih dhuwur katimbang gong ageng.
|
5. Wujud Kawatan
Gamelan ingkang wujudipun kawatan inggih punika Rebab, Siter, Clempung. Cara nabuh Rebab dipungesek, dene Siter lan Cemplung dipunpethik utawi cuwik.
1.
|
Rebab
|
Wujud gamelan kang cara nabuhe dikosok/digesek.
|
2.
|
Siter
|
Wujud gamelan kang cara nabuhe dipetik nganggo tangan.
|
3.
|
Celempung
|
Wujud gamelan kang cara nabuhe dikosok/digesek. Nadane saoktaf ngisore siter.
|
6. Wujud Pipa
Gamelan ingkang wujudipun pipa inggih punika Suling saha Kemanak. Cara ngungelaken Suling dipunsebul, dene Kemanak dipuntabuh.
1.
|
Suling
|
Dipundamel saking deling/pring. Cara ngunekke disebul. Swara sing diasilake saka rongga angin sing digeterake. Frekuensi gelombange gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeterake.
|
2.
|
Kemanak
|
Perangkat gamelan kang wujude memper gedhang, biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.
|
Komentar
Posting Komentar