Postingan

MATERI BAHASA JAWA "CERKAK"

A.      PANGERTEN CERKAK UTAWA CERITA CEKAK Cerita cekak utawi ingkang asring kacekak ‘Cerkak’, punika salah satunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerita cekak inggih punika ringkes saha lajeng dhateng ancasipun, menawi dipuntandhingaken kaliyan wohing kasusastran fiksi ingkang langkung panjang. Cerita cerkak limrahipun kirang kompleks tinimbang novel. Cerkak ingkang limrah cariyosipun namung kadadosan saking setunggal pragmen/adegan, gadhah satunggal plot utawi alur, setting ingkang tunggal, cacahing paraga ugi winates, cakupan wekdalipun ugi cekak. B.     UNSUR-UNSUR INTRINSIK Unsur-unsur intrinsik cerita cerkak, inggih punika : 1.        Tema Tema inggih punika underaning cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken underaning cariyos 2.        Watak        Watak inggih punika gegambaran watak utawi karakter paraga-paraga ingka...

MATERI BAHSA JAWA "PAWARTOS"

Pawartos inggih menika palaporan nengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi kadadosan kasebat. Unsur fakta ingkang wonten ing palaporan inggih menika 5W+1H, inggih menika  Who (sinten),  What (menapa),  When  (kapan),  Where (wonten pundi),  Why  (kenging menapa), lan  How  (kadospundi). Tegesipun inggih menika sinten ingkang tumindak, menapa ingkang dipuntindakaken, wonten pundi papanipun, kenging menapa saged tumindak, kados menika, saha kadospundi caranipun.             Wonten pinten-pinten jinis pawartos inggih menika Pawartos Langsung(straight news), Pawartos Mendalam(depth news), Pawartos Opini(opini news) saha Pawartos photo. Struktur panyeratan pawartos menika awujud irah-irahan (head), baris tengah (dateline), teras pawartos (lead) saha wos pawartos (body). Prinsip panyeratanipun menika nengenaken fakta ingkang wigati piyambak, antawisipun fakta saha opini bote...

MATERI BAHASA JAWA "UYON-UYON LAN GAMELAN"

Gambar
·          Andharan Uyon-Uyon Uyon- uyon saking tembung ‘manguyu-uyu’ inggih punika pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan penganten utawa ing pagelaran ringgit purwa, inggih punika saderengipun Ki Dhalang miwiti makarya ndhalang, dipunwastani ‘patalon’ ·          KASUSASTRAN KANG TINEMU ING GENDHING : 1.       Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang. 2.       Cengkok yaiku lak-luking swara kanggo nglagokake tembang. 3.       Gendhing yaiku lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan. 4.       Gamelan yaiku piranti karawitan kanggo ngiringi tembang, kayata; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp. 5.       Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak...